.

Media ukhuwah keluarga kelas 4

السلام عليكم ورحمة الله وبر كا ته

الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.

ahlan wa sahlan. selamat datang di blog ini, semoga dengan ini semakin erat ukhuwah diantara kita, dan banyak manfaat yang bisa di peroleh di sini, saran dan masukan sangat kami harapkan. kirimkan pesan dan kesan anda ke kelas4esluha@gmail.com

terima kasih

HOT NEWS

RAPOT

DIBAGIKAN HARI JUM’AT

25 JUNI 2010

HARI BESAR WAKTUNYA PENDEK

MOHON BISA DATANG LEBIH AWAL

Minggu, 14 Maret 2010

MATERI BASA JAWA

CANGKRIMAN
1. Sega sakepel dirubung tinggi,apa?(salak).
2. Dikethok malah dhuwur, apa? (celana).
3. Ngarep ireng, mhuri ireng sing tengah methentheng, apa? (wong mikul areng).
4. Kewan apa: sirahe neng sikil, mripate neng sikil, irunge neng sikil,
5. cangkeme neng sikil, pokoke kabeh neng sikil. (coro kepidak).
6. dilebokne malah neng jaba apa? (benik)
7. Semut apa nek nibani uwong mesti mati (semut numpak pesawat )
8. Dikethok malah dhuwur, apa? (rok/celana dawa/ sarung)
9. Lampu apa nek dipecah metu uwonge. (lampune penerangan ngarep omah).
10. Pitik waliksaba kebon.(nanas).
11. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh. (geni).
12. Ana kapal disawat watu bisa kelem,kira-kira gedhe apane? (gedhe omonge).
13. Tulisan Arab. Macane saka ngendi? (saka alas).
14. Rasane padha karo jenenge = sepet
15. Biru bisane wungu dikapakke? Digebug, biru = babi turu, wungu = tangi.
16. Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh. = wong mikul tumbu utawa wadhah liyane sing sikile papat.
17. Wong lima nganggo payung siji kok rakudanan ngapa? (ra udan)

AKSARA JAWA









UNGGAH-UNGGUH MARANG WONG TUWA
1. Menawa ditimbali kudu enggal nyedak
2. Menawa matur kudu nganggo basa krama
3. Meawa matur kudu ngapurancang
4. Menawa matur kudu nyaket
5. Menawa matur ora kena bengok-bengok
6. Menawa matur ora kena clemongan
7. Menawa ngaturi ora kena njangkar (ngudang jenenge thok)
8. Menawa lungguh bareng wong tuwa ora kena jegang utawa selonjor
9. Menawa lungguh utawa ngadek ora ngungkuri
10. Menawa nuduhake kudu nganggo jempol
11. Menawa nyuwun ora kena meksa
12. Menawa diparingi kudu matur nuwun
13. Menawa ngliwati kudu nyuwun sewu lan mbungkuk
14. Menawa ngliwati ora kena karo mlayu
15. Menawa nyaosake ora kena diuncalake
16. Menawa lunga kudu nyuwun idine
17. Menawa mangan ora kena kecap
18. Menawa glegeken kudu ditutup
19. Menawa ngguyu ora kena cekakaan
20. Menawa wong tuwa lungguh ngisor ora kena ngadek ing sacedhake
21. Menawa wog tuwa nyambut gawe kudu disuwun menawa bisa
22. Menawa wong tuwa ngasto abot kudu di gawaake
23. Menawa nyawang ora kena mentheleng
24. Menawa wong tuwa sare ora kena gawe ribut
25. Menawa didukani ora kena mangsuli
26. Menawa wong tuwa ngendikan kudu dirungoake
27. Menawa wong tuwa ngendikan ora kena di selani
28. Menawa wong tuwa ngersaake kudu dicaosake

0 komentar:

Posting Komentar